Ganu, dong enyong egin cilik, neng desane enyong esih arang banget wong sing duwe tivi, apamaning mongtor. sing akeh ya radio, kuwe bae esih se-ban, durung ana FM-FM an. Gole nyetel rata-rata ya esih nganggo batu, sebab esih langka umah sing pasang listrik. wektu semono nggonku ya ora duwe TV, dasare wong tuaku keloro dudu wong sugih. dadi nek kepengin nonton TV ya maring kecamatan, bareng-bareng karo wong akeh. Nggawa wedang kopi wadaih plastik, tambah kacang goreng nggo di pangan barengan, wis jan gurih temenan.
Siki desaku wis maju. TV wis nletek. radio pada di rongsokaken. wis ora mangsan, jerene. Cah cilik-cilik wis pada nyekel hape, bisa sms-an ngalor-ngidul karo kancane. Nek lagi maca sms kadang-kadang jegigisan dewek kaya wong madan waras. Siki hape wis ana sing nganggo radio lan TV, di tambaih tunyukan nggo nunyuki layare. canggih banget pendeken! Sugih mlarat ora penting, sing penting duwe hape!
Beda banget karo dong enyong egin cilik. ndeleng tilpun be bingung, apamaning krungu ana suarane lan bisa nggo omong-omongan, ajaib! Enyong banjur tiru-tiru gawe tilpun sekang kaleng bekas sarden (njaluk maring wong sing sugih), cacaeh loro, njur di gandeng ngaggo benang, terus dilur nganti dawa, dawaa pisan, terus nggo omong-omongan, sing lagi ngomong cangkeme di leboknya maring kaleng sarden sing wis dibukak. Sing ngrungokna kupinge sing dilebokna maring kaleng, Jane madan mambu amis, tapi nyenengaken!
Neng desaku siki juga ana bola sodok. Nek cara gaule bilyar apa ya?… Kuwe juga maen maning. Panggonane neng pinggir sawah, digawe umah rapet, terus disogi meja gede ana loro utawa telu, diiseni blondoan-blondoan kaya bal tapi atos. Nek dibandemna mbathuk bisa mencenot. Dolanane nganggo benthong cilik, di tunyuk-tunykaken maring blondoan kuwe mau, ben blondoane bisa mlebu maring bolongan papat sing ana neng saben pojok meja. Sing dolanan biasane semeja wong loro, karo pada genthowakan rame banget!
Gemiyen enyong ngertine ya dolanan siguk, lewok karo benthik, kuwe wis paling terkenal wektu semono ! Watu di sogna neng lemah trus di uncalnya nganggo sikil, adoh-adohan, kuwe arane sikguk. Nek lewok ya pada karo dir-diran, siki esih akeh cah cilik sing pada dolanan. Bendik lewih maen maning. Nganggo tuding cendek loro, sing siji di sogna lemah diganjel watu trus di sabet seporete nganti mencolot meng nduwur, terus di sabet maning ben menculat adoh. Sing benthikane paling adoh ya sing paling jos!
Esih ana teruse, tapi enyong arep ngaso disit, cangkeme wis ngumpruk karo thothol kamien.
deneng memper karo cilikanne inyong ya? tambah maning, mbiyen padha seneng dolanan dos-dosan, apa maning angger lagi purnama…