30
Jul
08

AGUSTUSAN

Merdeka Bung!!!

Lomba Favorit anak-anak desaku … Lomba Panjat Pisang!!! Don’t try this at home!

Mata harus selalu terlindung, tidak boleh membuka sedikitpun. Gigi atas dan bawah disatukan, supaya tampak lebih berenergi, dekapan harus erat supaya cinta terasa lebih menggelora… meski hanya untuk sebuah pohon pisang !! He..he,.. ini Refleksi bro, … bagaimana masyarakat bawah berjuang mati-matian meski harus terinjak-injak, kotor dan memikul beban teramat berat dari orang-orang yang sudah terlanjur berada di ‘atas’ dan enjoy dengan kesenangan diri sendiri.

 

Wah, kalo yang ini si gaya kutu loncat! Tapi ya gitu itu masyarakat kita. Gak punya malu, meski harus telanjang di depan publik. dan herannya lagi, orang lain lebih suka ngetawain daripada harus membantu! atau takut mbok ikut-ikutan kotor ya? Ah bodo amat! Yang penting Semangat!

Ah, daripada ngomong ngalor ngidul gak karuan, mending kita buat rencana buat mensukseskan acara tujuhbelasan di lingkungan kita masing-masing, dengan terus menjaga persatuan, kesatuan dan loyalitas tinggi terhadap negeri kita tercinta Indonesia!

Wassalam. Merdeka !

29
Jul
08

KUMPULAN WONG GEMBLUNG


Kiye anu kumpulan wong gemblung kabeh. Walaupun jumlahe 7, tapi sing gemblung 8. dadi ana sing ndobel. Nek di deleng sekang raine,  sing gemblunge dobel kayane sing lanang. soale katon celilian dewek.


Profesine wong sing neng foto ya macem-macem. Ana sing dadi guru senam, tukang ngumpruk, trus bakul prekutut.


Gambar samping kiye anu fotone bakul prekutut. deweke asli bojone guru senam sing neng foto nduwur. Gayane aneh, pancen madan autis, trus nek lagi jengkel gelem ngising se enggon-enggon.


Hobine pada macem-macem banget. ana sing ngudeki kuping  karo cengengesan (njagong neng kursi biru), ngewer-ewer lambe ben angger ngomong ora ngumpruk( kaos jambon), ngupil tuk setitik, trus wadaih botol, di dol ( klambi bathik), ngudeki selilit (njagong kursi kayu), ngemut kelengkeng karo kulite (klambi kuning).



Dadi nek nonton foto kiye aja pada gumun. Biarpun polahe aneh-aneh tapi wong-wong kiye pada wis mangan gendeng sekolahan. Poskone neng karisedenan Banyumas, dong taun 91 nganti 94.


Nek kepengin kenalan hubungi bae RSU Banyumas, sal Sakura !!!


Slaman slumun slamet, Kelilan.

16
Mei
08

DONG ENYONG EGIN CILIK

cekdam kendalisada

Ganu, dong enyong egin cilik, neng desane enyong esih arang banget wong sing duwe tivi, apamaning mongtor. sing akeh ya radio, kuwe bae esih se-ban, durung ana FM-FM an. Gole nyetel rata-rata ya esih nganggo batu, sebab esih langka umah sing pasang listrik. wektu semono nggonku ya ora duwe TV, dasare wong tuaku keloro dudu wong sugih. dadi nek kepengin nonton TV ya maring kecamatan, bareng-bareng karo wong akeh. Nggawa wedang kopi wadaih plastik, tambah kacang goreng nggo di pangan barengan, wis jan gurih temenan.

Siki desaku wis maju. TV wis nletek. radio pada di rongsokaken. wis ora mangsan, jerene.  Cah cilik-cilik wis pada nyekel hape, bisa sms-an ngalor-ngidul karo kancane. Nek lagi maca sms kadang-kadang jegigisan dewek kaya wong madan waras. Siki hape wis ana sing nganggo radio lan TV, di tambaih tunyukan nggo nunyuki layare. canggih banget pendeken! Sugih mlarat ora penting, sing penting duwe hape! 

Beda banget karo dong enyong egin cilik. ndeleng tilpun be bingung, apamaning krungu ana suarane lan bisa nggo omong-omongan, ajaib! Enyong banjur tiru-tiru gawe tilpun sekang kaleng bekas sarden (njaluk maring wong sing sugih), cacaeh loro, njur di gandeng ngaggo benang, terus dilur nganti dawa, dawaa pisan, terus nggo omong-omongan, sing lagi ngomong cangkeme di leboknya maring kaleng sarden sing wis dibukak. Sing ngrungokna kupinge sing dilebokna maring kaleng, Jane madan mambu amis, tapi nyenengaken! 

Neng desaku siki juga ana bola sodok. Nek cara gaule bilyar apa ya?… Kuwe juga maen maning. Panggonane neng pinggir sawah, digawe umah rapet, terus disogi meja gede ana loro utawa telu, diiseni blondoan-blondoan kaya bal tapi atos. Nek dibandemna mbathuk bisa mencenot. Dolanane nganggo benthong cilik, di tunyuk-tunykaken maring blondoan kuwe mau, ben blondoane bisa mlebu maring bolongan papat sing ana neng saben pojok meja. Sing dolanan biasane semeja wong loro, karo pada genthowakan rame banget!

Gemiyen enyong ngertine ya dolanan siguk, lewok karo benthik, kuwe wis paling terkenal wektu semono ! Watu di sogna neng lemah trus di uncalnya nganggo sikil, adoh-adohan, kuwe arane sikguk. Nek lewok ya pada karo dir-diran, siki esih akeh cah cilik sing pada dolanan. Bendik lewih maen maning. Nganggo tuding cendek loro, sing siji di sogna lemah diganjel watu trus di sabet seporete nganti mencolot meng nduwur, terus di sabet maning ben menculat adoh. Sing benthikane paling adoh ya sing paling jos!

Esih ana teruse, tapi enyong arep ngaso disit, cangkeme wis ngumpruk karo thothol kamien.

23
Apr
08

KOES PLUS

SELAMAT MENIKMATI KOES PLUS ‘THE LEGEND’

19
Apr
08

ROKOK

Bikin cepet mati koq disukai… Enakan duren!!. Kata embah saya, mati sambil makan duren lebih terhormat dari pada mati karena merokok!, apalagi ditambah sedikit senyum,… dijamin bakal dapat nama harum kaya ibu Kartini. Tapi sebagus-bagus matipiun masih lebih baik hidup dan meneruskan kehidupan, itung-itung beribadah dan nambah pahala. Asal jangan hidup terus gak mati-mati. Itu juga masalah baru. Karena menurut mitologi India di Cerita Ramayana, hukuman yang paling manakutkan justru tidak kunjung bisa mati. Dikisahkan saking sakti mandragunanya Rahwana, sampai sekarang ia masih terjepit diantara dua gunung dan tak kunjung mati, entah sampai kapan !!! Pengin ???




November 2009
S S R K J S M
« Jul    
 1
2345678
9101112131415
16171819202122
23242526272829
30